Assalamu’alaikum wr. wb.
Alhamdulillahirobbil’alamin wassalatu wassalamu’ala asrofi anbiya’i warmulsalin wa’ala alihi wa sobhihi ajma’in ama ba’du
Para bapak, para ibu lan para sederek sedaya ingkang minulya. Puji syukur manga tansah kita unjuaken dumateng Allah SWT, awit sampun maringi kita sedaya kesehatan, kasarasan, iman saha taqwa sahingga wonten ing ndalu puniko kita saged makempal manunggal wonten ing masjid mriki saperlu Pengaosan kangge nyambut wulan suci Ramadhan. Salawat saha salam mugi kalimpahaken dumateng nabi junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW,keluarganipun, sahabat – sahabatipunlan penderek – penderekipun dumugi akhiring zaman. Amin.
Para bapak, para ibu, lan para sederek sedoyo ingkang kula hormati, sakderengipun acara wonten ing ndalu punika kita awiti, langkung rumiyin bade kulo waosaken urutaning acara.
Acara kaping setunggal pambuko
Acara kaping kalih kalam ilahi
Acara kaping tiga Sambutan – sambutan
Acara kaping sekawan inti
Acara kaping gansal lain – lain
Acara kaping enem panutup.
Para bapak, para ibu lan para sederek sedaya ingkang minulya, ngancik acara kaping setunggal inggih punika pambuka. Mangga – mangga acara wonten ing ndalu punika kita bikak sesarengan kan ti waosan basmalah kula dereaken. Bismillahirrohmanirrohim………………………………….matur nuwun.
Acara saklajengipun inggih punika kalam ilahi, ingkang dipun waosaken dening adik ………………………………………………………………………………………, dumateng adik…………………… kulo sumanggaaken.
Meniko wau kalam ilahi dening adik ………………………………….., mugi – mugi amal kasaenanipun saget katampi wonten ngarsanipun Allah SWT.
Acara saklajengipun inggih punika sambutan saking ketua panitia bulan ramadhan 1434 H ingkang dipun slirani dening sederek ………………………………………………..
Dumateng sederek…………………………kula sumanggaaken. Menika wae sambutan saking ketua panitia bulan Ramadan 1434 H ingkang dipun slirani sderek ………………………….
Saklajengipun inggih punka sambutan saking ketua takmir Masjid Al Muttaqien. Dumateng Bp. ……………………………………….. Kula sumanggaaken.
Kita aturaken agunging panuwun dumateng ……………………………………….Ingkang sampun paring sambutan ing dalu punika.
Para bapak, para ibu lan poro sederek sedaya , acara saklajengipun inggih punika acara inti. Dumateng Bp……………………………………….. kula sumanggaaken.
Menika wau pengaosan saking ………………………………mugi – mugi kita saged mendet hikmahipun.
Para bapak, para ibu lan para sederek sedaya ingkang kula hormati. Acara saklajengipun pengumuman –pengumuman.
Pengumuman meniko …………………………………………………………………………………..
Mekaten wau pengumuman – pengumuman ing dalu puniko. Mugi – mugi andadosno ing pamriksa.
Para bapak, para ibu, lan para sederek sedaya ingkang minulya, acara ingkang saklajengipun inggih punika panutup. Ananging sakderengipun acara ing dalu punika kita tutup, ing mbok bilih kula anggenipun ndereaken acara ing dalu punika kathah klenta klentunipun kulo nyuwun agunging pangapunten lan mangga – mangga acara ing dalu punika kita tutup kanti waosan hamdalah. Alhamdulillahirobbi’ alamin.cekap semanten lan kula akhiri Bilahitaufiq walhidayah.
Wassalamu’alaikum wr. wb.
0 comments:
Post a Comment