Wednesday, 26 June 2013

SAMBUTAN KETUA BUROM (AWAL)

Standard



Assalamu”alaikum Wr.Wb

             Para sepuh, para pini sepuh, para bapak, para ibu lan para sederek sedaya kaum muslimin rohimakulullah. Langkung rumiyen sumangga kita tansah ngunjuaken puji lan syukur wonten ing ngarsanipun Allah swt, awet ingkang sampun maringi kita sedaya mapinten-pinten kenikmatan hidayah lan taufiqipun sahingga panjenengan sedaya saged angrawuhi undangan ing dalu menika. Sakljengipun kula minangka wakil saking panitia bulan ramadhan tahun 1434 H, keparenga kula matur wonten ing panjenengan sedaya ing mbok bilih wonten kekirangan saha keklentuanipun nyuwun agunging pangapunten.
            Wonten ing ndalu meniko kita sampun lumebet wonten ing bulan ramadhan tahun 1434 H, pramilo saking menika panitia bulan ramadhan wonten ing al-muttaqien sampun budi doyo amrih suksesipun bulan ramadhan ing tahun menika, mugi-mugi sedaya kegiatan wau saget lumampah kanti lancar lan nambah ketaqwaan wonten ing ngarsonipun Allah swt. Saklajengipun panitia tansah nggadai panyuwun dumateng para jamaah, bantuanipun,sae ingkang arupi morel saha materiel, awet sakeng bantuan panjenengan sedaya panitia ngaturaken agunging panuwun. Saklajengipun saking panitia ing mbok bilih anggenipun nindaaken pakaryan/angayahi jejibahan wonten kekiranganipun mugi panjenengan sedaya kersa paring pangapunten dumateng kula. Saklajengipun kula gotrah panitia bulan ramadhan ngaturaken sugeng riyadi fitri sedaya lepat nyuwun pangapunten. Cekap semanten kemawon ingkang dados atur kula. Bilahitaufiq walhidayah.

Wassalamu’laikum Wr.Wb


Related Posts:

0 comments:

Post a Comment