Assalamu”alaikum Wr.Wb
Para sepuh, para pini sepuh, para bapak, para ibu lan para sederek sedaya kaum muslimin rohimakulullah. Langkung rumiyen sumangga kita tansah ngunjuaken puji lan syukur wonten ing ngarsanipun Allah swt, awit ingkang sampun maringi kita sedaya mapinten-pinten kenikmatan hidayah lan taufiqipun sahingga panjenengan sedaya saget rawuh wonten ing masjid menika saperlu sholat isya’ saha sholat tarawih. Solawat saha salam mugi kalimpahaken dumateng nabi junjungan kita nabi agung Muhammad saw keluarganipun, sohabat-sohabatipun lan penderek-penderekipon dumugi akhiring jaman amin.
Saklajengipun kula minangka ketua bulan ramadhan ing taun menika ngaturaken agunging panuwun awit bapak-bapak, ibu-ibu lan para sederek sedaya sampun anyengkuyung kegiatan-kegiatan wonten ing wulan ramadhan menika. Kanti lumampahipun siyam wonten ing taun menika mugi-mugi sedaya pangibadahan ingkang sampun katindaaken kanti ikhlas ndadosno amal ibadah saha ningkataken keimanan saha ketaqwaan wonten ing ngarsanipun Allah swt. Saking panitia ing mbok bilih anggenipun nindaaken pakaryan wonten ing wulan ramadhan menika kathah kalepatan saha kekiranganipun mugi para jamaah sedaya kersa paring pangapunten dumateng kula. Minangk pungkasaning atur ing mbok bilih anggen kula matur wonten kalepatanipun menapa kirang nujuprana dumateng penggaleh panjenenganipun saestu kula nyuwun agunging pangapunten. Cekap semanten kemawon ingkang dados atur kula. Bilahitaufiq walhidayah.
0 comments:
Post a Comment